8 Lirik Lagu Terpopuler Karya Ki Nartosabdo

elain dikenal sebagai seorang dalang yang legendaris, Ki Nartosabdo juga piawai dalam menciptakan lagu maupun gending jawa. Puluhan lagu yang ia ciptakan hingga kini masih dapat dinikmati bahkan sering dimainkan oleh seniman-seniman muda dalam berbagai pertunjukan campursari maupun klenengan. Ki Nartosabdo yang dilahirkan di Klaten pada 25 Agustus 1925 dan meninggal di Semarang, 7 Oktober 1985 lalu mewariskan sekitar 319 buah judul lagu (lelagon) atau gendhing melalui grup karawitan bernama Condong Raos yang ia dirikan.

Baca Juga : Gelaran Klenengan Selasa Legen untuk Ki Nartosabdo

8 lirik lagu Karya Ki Nartosabdo :

1. Lirik SWARA SULING

Swara suling, ngumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendhangane

2. Lirik AJA DIPLEROKI

Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
Karepku njaluk di esemi
Tingkah lakumu kudu ngerti coro
Ojo ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbokyo sing eling
Eling bab opo
Iku budoyo
Pancene bener kandamu

3. Lirik SARUNG JAGUNG

Sarung jagung, abote kebacut tresno
Tak rewangi korban jiwo rogo
Mlaku adoh tan nggresulo
Watone sesandhingan, kang gawe tentrem rasaku 
Nadyan munggah gunung, nora wegah
Watone tansah sumanding

Mung tansah eling, sarung jagung
Rasane kabotan tresno
Yen tan weruh sedino koyo setaun
Sarung jagung abot rasaku

4. Lirik KELINCI UCUL

Ngubengi kutho sakteruse, neng ndeso ndeso
Mergo aku anggoleki, sing tak tresnani klinciku ucul
Lungo mangetan, Suroboyo terus nyang bali
Mangulon lungo nyang bandung ora ketemu
Terus aku nyang jakarta
Jebul ora ketemu, Aduh klinciku ojo mbedo aku
Terus bali nyang semarang, klinciku wus ono kandang
Lah jebulane, Grusa grusu keburu nepsu
Wekasane montang-manting, ragate akeh
Aku dewe kang kebanting

5. Lirik Lagu LESUNG JUMENGGLUNG

Lesung jumengglung, sru imbal-imbalan
Lesung jumengglung, maneter mangungkung
Ngumandhang ngebeki sak jroning pradesan
Thok thek thok, thok gung thok
Thok thek thok thek thok gung 

6. Lirik Lagu PRAON

Yo kanca ning nggisik gembira
Alerap-lerap banyune segara
Angliyak numpak prau layar
Ing dina minggu keh pariwisata
Alon praune wis nengah
Byak byuk byak byuk banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake rasa lungkrah lesu
Adik njawil mas, Jebul wis sore
Witing kalapa katon ngawe-awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

7. Lirik Lagu AJA LAMIS

Aja sok gampang janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Akeh tuladha kang demen cidra, uripe rekasa
Milih sawiji ngendi kang suci, tanggung bisa mukti

8. Lirik Lagu SETYA TUHU

Bowo Dhandhanggula Sida Asih :
Pamintaku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan..
Ing sarina sawengine
Datan ginggang sak rambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat, Sido asih tuhu
Pindho mimi lan mintuno
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sido asih bebrayan

Langgam :
Aku kang setya satuhu,
Wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag katon sumunar
Andhika pangayomanku,
Lahir batinku wus nyata
Mung sajake, andhika semune kurang rena
Tandha yekti, paseksene
Rikalane ngangkat awrat, mlampah tebih datan nesu
Mugi lestaria
Mugyantuk berkahing widi,
Andhika mung tansah nimbang,
Panyuwunku, sedya kula tansah anglam-lami

2 pemikiran pada “8 Lirik Lagu Terpopuler Karya Ki Nartosabdo”

Tinggalkan komentar